Wani apa Ora ???
Nyong sering banget diolokna kecing marang bocahan.
Amarga nyong nangis mingseb-mingseb nek weruh gambar setan. Tapi wis kaya kue
udune direwangi ngilangaken rasa wedi, malah diweden-wedeni bae. Malahan bocah-bocah pada seneng banget
nek weruh nyong nyiwek ngasi mingseb-mingseb. Tapi wes mesti udu kanca wadon
sing seneng ngledeki nyong ngasi nangis. Bocah-bocah lanang sing getol banget
nggole ngledek. Ngasi rasane sedina bae ora ngledek rasane getir ndean. Jere
mae nyong lair pas dina esih awan. Mulane nyong kue dadi kecing, apa maning pas
cilik sering diweden-wedeni marang mbekayu lan kangmase nyong. Yawis, dadine
siki nyong kayakiye. Kecinge eram. Jane ya nyong pengin kaya bocah biasa, nek
lewat dalan peteng ora mlayu kebancang-bancang. Ora njerit nek weruh
wong-wongan sawah pas sandingkala. Terus ora ketar-ketir nek lampune mati
padahal lagi bareng-bareng karo kanca-kanca. Tapi rasane urung teyeng nggole
ngendalekna rasa wedi , amarga imane nyong urung kuat ndean.
Kaya
kiye sebele dadi Bantara, kudu wajib melo kegiatan diklat sing wes genah ana
kegiatan ‘Jurit Wengi’. Malah kudune dadi setan sing meden-medeni adek kelas.
Nyong wes bisa mbayangna keprige sikape nyong sing gapen meden-medeni tapi
malah keweden dewek seurunge.
“Eni,
ko dadi pocongan bae apa dadi kuntilanak? Ko manggone nang mburi wit pelem ya.
Anteng bae, nek pengin improvisasi kaya suara memedi ye orapapa. Palahane jos
gandos!!”, jere Indro sing pancen dadi pratama nang bantara sekolahe nyong.
Neng ati nyong jerit seseru-serune , Masyaalloooh kepriye iki suara medi ye
kaya ngapa, nyong kon improvisasi kaya ngapa. Nang mburi wit pelem? Nek malah
memedine metu
temenan nyong bakal ngompol kiye. Masa selama kurang lewih 3 jam nyong ngadeg
dewekan nang mburi wit pelem pas tengah wengi. Nunggoni adek kelas liwat ye
gemeter dewek malah. Duh gusti Allooooohhh ...
“Heh!!
Eni!! Wani apa ora? Masa bantara ora wani? Le gemiyen koe kepriwe nggole melo
jurit malam?”,takone Indro.
“Emmm
eh anu ... nyong lagi lara pas lagi Jurit malam. Dadine ora ngerti.”,jawabe
nyong ndap-ndep kaya ketek ditulup.
“Le
pas pelantikan Bantara?”
“Ih
ko ka kepo temen si ya ndrooo...”,jawabe nyong nggo ngalehna pitakonane Indro.
“Lhoooo
bebas. Ko mesti ora melo ye? Bocah ka kecinge ndeles. Diweruhi medi temenan leh
ndais.”
“Ko
ka jahat temen ya ndrooo. Malah ndongakna kaya kue? Pas pelantikan nyong kan
lagi mudik nang kampung, dadi ora bisa mangkat. Nyong juga wis ijin ka.”,jelase
nyong marang Indro. Pancen si alesane sekenane pikirane nyong. Jane ye anu ora
wani mangkat, gelem-gelem semaput ndisit nembe diundang jenenge kon maju rute.
Kebukak kabeh iki kedoke nyong. Gara-gara Indro.
“Terus
kepriwe koe? Garep melo apa ndekem bae neng umah?”
“emmm
anu kae ... anu laah.”
“Anu
apa En? Nek ko wani, medi kue bakal ngadoh. Malah ngrewangi ko ben wani. Tapi
nek ko wedi, medi kue malah dadi seneng banget lan malah meden-medeni ko. Iki
bisa dadi ajang latiane ko lho. Dadi ko ngerti kemampuane ko. Seurunge kiye ko
ora tau nyoba kan? Kepriwe bisa ngerti ko wani apa ora? Ayo dong lawan rasa
wedine ko.”,Indro ngomong sedawan-dawan.
Jebule
ana bocah lanang kelase nyong sing krungu nyong bakal mangkat meden-medeni.
Kambi pada lewat nang ngarepe nyong, pada ngguyu ngakak ngasi kepingkel-pingkel
kaya anu lucu banget krungu nyong arep meden-medeni. “Eni ka kon meden-medeni.
Nyong pasang sepuluh ewu nek Eni bali ora ndadak semaput!”. Nyong sing krungu
kaya kue rasane mangkel banget, pengin tok keplak ndase kue bocah ngasi ngajaki
batire taruhan nyong. Kurang gawean pancen ka.
“Nyong
pasang sepuluh ewu juga nek Eni baline ora diculik wewe gombel. Hahaha”,seuwise
pada ngomong sekepenak gundule dewek, bocah lanang telu kue ndelengna nyong
kabeh. Nyong langsung ngerti, iki bocah-bocah mesti ngenteni jawaban tekan
nyong. Gengsine nyong tukul gara-gara nggo taruhan batir sekelase nyong, iki
udu masalah wani ora wani maning. Tapi iki masalah harga dirine nyong.
“I..ii..iii..iyaaa...
nyong melo ndro. Nyong pan jajal.”,jawabe nyong kegagap-gagap.
“Naah
kaya kue li. Kudu mangkat lho. Tok enteni. Nek ora, ko dipecat dadi bantara.”
“Ndro,
kabari dewek ya nek Eni semaput apa digondol wewe gombel. Hahaha”
Wengine,
nyong ora bisa turu mikirna ngesuk nasibe nyong gapen dadi apa. Sukur-sukur nek
nyong bisa ngadeg nang mburi wit pelem selama 10 menit. Nek urung ana 5 menit
wis semaput si kepriwe ya. Tapi bisa ora bisa kudu bisa. Ibarate pejuang jaman
gemiyen ye “Mati seurunge perang!!!” utawa “Menang utawa mati!!!”. Nah nyong
kudu bisa menang. Isin dong kambi pejuang gemiyen. Masa mung kaya kiye nyong
wis mati , eh kalah disit. Bismillah , ngesuk isuk-isuk nyong gapen njaluk
jampi-jampi marang simbah ben ora diganggu demit wit pelem. Siki turu ben
ngesuk seger. Kan eman-eman banget wis melo bantara 2 tahun, ibarate gari
pensiune jabatan bantara malah wis dipecat. Oh nooooooooo!!! Eman-emane nganggo
banget, ora eman-eman saja. Berarti nyong kudu perang nglawan rasa wedine
nyong.
Isuk-isuke
nyong kelalen njaluk jampi-jampi marang simbah. Asale nyong tangi kawanen
gara-garane mbengine ora bisa turu kepikiran wedine nyong. Nyong
kepuntal-puntal maring sekolah karo rupa sing ora seger. Jam pertama ulangan
nanging nyong mlebu telat, ulangan wis nang tengah-tengah. Ora ana wektu
tambahan nggo nyong. Wis untung
nyong esih bisa melo ulangan. Nek ora nyong bakale ulangan dewek nang ruang
guru.
Sorene
nyong ora bali disik marang umah, nyong nggolet properti nggo dadi medi mengko
wengi, nggolet peralatan sing kurang nggo persami. Ngasi wengi nyong sibuk
ngurusi out bond adek kelas ngasi wengine api unggun seneng-seneng. Nah pas
tengah wengine nyong wis mulai dag dig dug atine ora genah-genah. Kringete
gemrobyos neng kabeh awak. Kringet anyes pada mili lan rupane nyong dadi pucet njlecet.
Sing sadar perubahan rupane nyong ya mukur Indro. Kayane kae nggatekna banget
nyong sida melo apa ora.
“Ko
orapapa mbok En? Sida melo ora?”,takone Indro.
“Iya
sida. Nyong orapapa. Ngene kostum’e nyong mangkat disik ya.”,nyong jawab kambi
ngelonyor lunga mumpung ana batire si Retno gapen maring panggonan sing wis
disepakati. Nyong wis gutul wit pelem, Retno lunga maring tengah sawah
ninggalaken nyong dewekan. Kambi ngenteni adek-adek kelas sing ora lewat-lewat.
Nyong njegong nang ngisor wit pelem.
“Assalamu’alaikum
mbah ... bismillaahirrahman nirrahim. Kulo mboten ajeng ngganggu. Numpang mbaah
.. numpang.”,kambi gemeteran nyong njegong kambi ngeling-eling omongane Indro
begen wani. Kambi nyanyi neng jero ati, ora krasa wis ana sorot lilin kang
adohan kambi suara gemrisik.
“Kue
mesti adek kelas.”,omonge nyong nang jero ati. Nyong siap-siap meden-medeni,
nyong ngadeg lan nirokake suara kuntilanak. Asale kostum sing tok enggo kuwi
daster putih dawa lan rambute nyong dirembyang semrawut ora genah. Raine nyong
uga dipupuri putihe eram kaya badut. Wis nirokke suara kuntilanak
semirip-miripe, nyong berhasil. Adek kelas mlayu kebancang-bancang kambi
jerit-jerit kaya kucing kejepit. Nyong dadi ngguyu ndeleng tingkahe menungsa
sing tok weden-wedeni kue.tapi nek dipikir-pikir, kue kaya sikape nyong nek
lagi diweden-wedeni batir-batir kelas. Jebule pancen kepenak ya ngledeki,meden-medeni
wong. Nyong siki ngerti senenge batir-batir weruh nyong kaya kue. Tapi sing
gawe nyong kaget seuwise kegiatan persami, jebule nyong wani ngadeg dewekan
nang mburi wit pelem sing jere-jerene angker. Untung bae nyong ngerti wit pelem
kue angker seuwise dadi medi, nek urung, mesti nyong malih dadi medi amarga
pucet njlecet kambi mampu pesing gara-gara ngompol neng katok. Alhamdulillah...
jebule rasa wedi kue bakal ilang nek dewek bisa nglawan rasa wedi kue. Nek
urung dijajal, aja ngomong ora bisa. Seorane dewek wis tau njajal. Siki
batir-batir pada sebel amarga nyong ora keweden maning nek dituduhna gambar
setan apa diweden-wedeni
rupa setan. Syukur ya!!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar